Musik / Gendhing gendhingan

Audio bij dit hoofdstuk
https://www.youtube.com/watch?v=YsmP9odEhA4&feature=youtu.be
Nederlands

Ngoko

Krama

 

Er zijn verschillende soorten muziek in Suriname

Enèng musik werna werna neng negara Suriname.

Enten musik werni werni teng negari Suriname

 

Een van de soorten muziek die zowel in Indonesië al buiten Indonesië bekend is, is de krontjong muziek.

Enèng werna siji gedhingan sing kondhang neng negara Indonesia karo pisan sajabaning negara Indonesia, ya iku gendhing Keroncong.

Enten werni setunggal gendhingan ingkang kondhang teng negeri Indonesia kalih pisan sawijining negaris Indonesia niku gendhing keroncong.

 

Waar komt de krontjong muziek oorspronkelijk vandaan?

Gendhing keroncong iku asale saka ngendi?

Gedhing keroncong niku asalipun saking pundi?

 

Krontjong muziek komt oorspronkelijk uit Portugal.

Gendhingan keroncong asale saka negara Porugal.

Gendhing keroncong asalipun saking negeri Portugal.

 

Bij wie is de krontjong muziek bekend?

Gendhingan keroncong iku kondhange neng nggone sapa?

Gendhingan keroncong niku kondhangipun teng nggène sinten?

 

Bij oudere mensen.

Nggone wong tua tua.

Nggène tiyang sepuh sepuh.

 

Het woord gamelan komt het Javaans en betekent slaginstrument.

Tembung gamelan iku saka basa Jawa lan tegesane tetabuhan.

Tembung gamelan niku saking basa Jawi lan tegesipun tetabuhan.

 

Gamelanmuziek wordt gewoonlijk gebruikt om Javaanse dansen en Wayang voorstellingen te begeleiden.

Biasane gendhing gamelan iku kanggo mimpin jogètan Jawa lan tontonan wayang.

Biasanipun gendhing gamelan niku kangge mimpin jogetan Jawi lan tontonan wayang.

 

Naast de traditionele muziek is er natuurlijk ook Pop muziek.

Kajaba gendhingan adat waton uga temenan ènèng lagu Pop musik.

Kejawi gendhingan adat waton niku ugi sampun temtu enten lagu Pop Musik.

 

Pop Jawa muziek is erg geliefd bij de jongeren.

Lagu Jawa Pop Musik iku kasenenggane banget enggone wong nom nom.

Lagu Musik Pop Jawi niku kasenenganipun sanget enggene tiyang nem nem.

 

Radio en televisie brengen zowel Javaanse als westerse popmuziek ten gehore.

Radio lan telepisi ngunèkake lagu Pop Jawa pisan lagu Pop Kulonan.

Radio lan telepisi ngungelaken lagu Pop Jawi kalih pisan lagu Pop kulonan.

 

Om eerlijk te zijn, ik houd erg veel van krontjong muziek.

Rumangsaku saèstune, aku seneng gendhing keroncong banget.

Rumaos kula saetunipun kula seneng gendhing keroncong sanget.

 

Waarom?

Sebabe kepriye?

Sababipun kadospundi?

 

Het werkt ontspannend!

Gendhing keroncong iku ngenake pikiran.

Gendhing keroncong punika ngecakaken manah.

 

Maak jouw eigen website met JouwWeb