Apa iki rega mati ? - Menapa niki regi pejah?

Audio voor dit hoofdstuk:

https://youtu.be/qN2GW0Akq1U

Nederlands

Ngoko

Krama

 

Ik zal nu naar de markt gaan

Aku saiki arep nyang pasar

Kula saniki ajeng teng peken.

 

Is dit een vaste prijs? Of mag ik afdingen

Apa iki rega mati? Apa intuk ditawar?

Menapa niki regi pejah? Menapa kénging ngawis?

 

Het is toch al 's middags?

Saiki ya jan wis wayah sore, tha?

Sakmenika nggih jan sampun wanci sonten, nggih?

 

Dus het moet toch goedkoper zijn? Mag het goedkoper?

Dadi kudu murah, tha? Apa intuk dinyang?

Dados kedah mirah, nggih? Menapa kénging dipunawisi?

 

Ja mevrouw het mag

Ya, mangga Bu, intuk!

Nggih, mangga Bu, Kénging.

 

Ik ga nu rijst bij de rijsthandelaar kopen

Saiki aku arep tuku beras ngonné bakul beras.

Sakmenika kula badhe tumbas uwos ngenané bakul uwos.

 

Ik heb 5 kg rijst nodig.

Aku butuh beras limang kilo.

Kula betah wos gansal kilo.

 

Wat heeft u nog meer nodig?

Kowé butuh apa maneh?

Sampéyan betah menapa malih?

 

Niks meer.

Ora apa apa maneh.

Mboten menapa menapa malih.

 

Koop niet daar, mevrouw! Die winkel is duur.

Bu, aja tuku ning kono! Toko iku larang.

Bu, ampun tumbas ing ngriku! Setur niku awis.

 

Zo, er is veel keus, zeg!

Wah, akèh pilihané!

Wah, kathah pilihanipun.

 

Waarvan is dit overhemd gemaakt?

Klambi iki gawénan sangka bakal apa?

Klambi niki damelan sanking bakal napa?

 

Van Katoen

Sangka katun

Sanking katun.

 

Al mijn overhemden zijn van katoem gemaakt.

Klambiku kabèh gawènané sangka katun

Klambi kula sedaya dedamelan sanking katun.

 

Welke wilt u?

Kowe milih sing endhi?

Sampéyan milih kang pundi?

 

Ik wil dit blauwe overhemd.

Aku gelem klambi biru iki.

Kula purun klambi biru niku.

 

Ik ga nu naar de slager.

Saiki aku arep ning nggoné tukang jagal.

Sakmenika kula ajeng teng nggèné tukang jagal.

 

Ik wil de gewone kip hebben. Het smaakt beter.

Aku milih pitik kulina iku. Rasane luwih énak.

Kula milih ayam kulina niku. Raosipun langkung éca.

 

En ik ook een kilo rundvlees nodig

Lan aku uga butuh daging sapi sekilo.

Lan kula ugi betah daging lembu sekilo


WOORDENLIJST

 

Ngoko

Krama

Nederlands

taun

warsa

jaar

 

sasi

wulan, santun

maand

 

minggu

 week

 

dina

dinten

dag

 

bengi, wengi

dalu

nacht

 

rina wengi, rina lan wengi

rinten dalu, rinten lan dalu

dag en nacht

 

esuk

énjing

's morgens

 

awan

siyang

voormiddag

 

soré

sonten

's namiddag, vooravond

 

mbengi

ndalu

's avonds / 's nachts

 

sedina

sedinten

per dag

 

sedina muput

sedinten muput

de hele dag

 

selang sedina

selang sedinten

om de andere dag

 

jam

pukul

uur (tijdsduur)

 

jam

 uur (tijdstip)

 

jam

 klok

 

jam bèker

 wekker

 

jam tangan

jam asta

horloge

 

jam ganthung

hangklok

taun (sing) kepungkur

 

taun (ingkang) kepengker

het vorig jaar

sasi ngarep iki

 

menit

 minuut

 

sekon

 seconde

 

dina iki

dinten punika

vandaag

 

dhèk wingi

kala wingi

gisteren

 

dhèk wingènané

kala wingènipun

eergisteren

 

dhèk biyèn

kala rumiyin

vroeger

 

dhèk mau

kala wau

zo even

 

dhèk anu kaé

kala anu punika

onlangs

 

dhèk mau bengi, dhè wingi bengi (s)

kala wau dalu

gisteravond / vannacht

 

mengko

mangké

straks

 

mengko soré

mangké sonten

vanmiddag

 

mengko bengi

mangké dalu

vanavond

 

sèsuk

mbénjing énjing

morgen

 

sésuk ésuk

mbénjing énjing énjing

morgenochtend

 

mbésuk embèn

mbénjing embèn

overmorgen

 

mbésuk

mbénjing

later, aanstaande

 

sadurungé

sadèrèngipun

voordat

 

sawisé

sasampunipun

nadat

 

dhèk apa

kala punapa

wanneer (verleden)

 

bésuk apa

bénjing punapa

wanneer (toekomst)

 

kapan

 wanneer (algemeen)

 

temtu, mesthi

 vast, stellig

 

manèh

malih

weer, opnieuw

 

malem minggu, setu mbengi

setu ndalu

zaterdagavond

 

 
Vertaal in Ngoko en Krama.

 

1.   Voordat jij naar de stad gaat, moet jij de kippen te eten geven.
2.   Zo even heeft Wardi de kippen al te eten en te drinken gegeven.
3.   Waar was je zo even? Ik heb je niet gezien.
4.   Van morgen was ik achter het huis. Was u zo even voor het huis?
5.   Waarom ben je gisteren niet naar de markt geweest?
6.   Gisteren kon ik niet weg, want ik moetst mijn fiets schoonmaken en smeren.
7.   Wanneer is je vader gekomen en wanneer wil hij weer terug?
8.   Eergisteren is mijn vader gekomen en overmorgen wil hij weer terug.
9.   Vannacht is er een steen op jouw warung gevallen.
10. Ja, vandaag moet ik mijn warung reparenen.



Vertaal en zet over in het krama

 

1.   Dhèk mau ésuk aku ana pasar, nanging aku ora ndeleng kowé. Kowé ana neng ngendhi?
2.   Dhèk mau aku ndeleng tuwan dhokter  menyang omahku.
3.   Apa bapakmu saiki wis waras?
4.   Apa mengko soré kowé iya ora bisa lunga?
5.   Dina iki kowé ngawé apa ana ing omah?
6.   Apa dhèk wingi kowé iya makani pitikmu?
7.   Sésuk ésuk aku arap nggawa gabah sethithik kanggo pitikmu.
8.   Dhèk wingènané aku tuku gabah akèk saka toko.
9.   Apa mbésuk embèn bapakmu wis bisa lungguh ing ngarepé omah?
10. Apa mbengi bapakmu bisa turu sethithik?



Vertaal en Ngoko en Krama

 

1.   Kala wau énjing kula mboten saged késah, amargi bapak sakit.
2.   Inggih, kala wau tuwan dhokter sampun nambani bapak kula.
3.   Dèrèng, sapunika dèrèng saras, taksih sakit.
4.   Mangké sonten wonten tiyang ingkang badhé nuwéni bapak.
5.   Dinten punika kula ngresiki griya tuwin pakarangan.
6.   Kala wingi kula mboten saged nedhani ayam kula, amargi mboten wonten gabah.
7.   Mbénjing énjing kula inggih badhé tampi sekedhik saking Pak Misman.
8.   Inggih, kala wingènipun kula ningali tiyang mbekta gabah dhateng griya sampeyan.
9.   Bénjing embèn bapak ajeng wangsul dhateng dusunipun.
10. Bapak kula tilem rinten dalu.