Toerisme in Suriname - Lelungan liburan ning negara Suriname
Nederlands
Ngoko
Krama
Wanneer ga je met vakantie?
Kapan kowe budal liburan?
Kapan sampeyan bidal liburan?
Gedurende de maand juli gaan we met het hele gezin naar Suriname. Dus wij gaan morgenochtend vertrekken!
Sajerone sasi juli saanak - bojoku arep budal nyang Suriname! Dadine sesuk awahe dhewe arep budal
Salebeting wulan Juli sakulawarga kula ajeng bidal teng Suriname. Dados mbenjing enjing kita ajeng bidal!
Hoe lang duurt de rit van Utrecht naar Schiphol?
Suwine sepira karo montor saka Utrecht tekane Schiphol?
Dangunipun sepinten kaliyan montor purugipun saking ktha Utrecht dumugi Schiphol?
Ongeveer een half uur.
Antarane setengah jam.
Antawisipun setengah jam!
Om hoe laat vertrekt het vliegtuig?
Montore mabur budal jam pira?
Montoripin mabur bidal pukul pinten?
Onze vliegtuig vertrekt om 10:00 uur! Daarom moeten wij om 8:00 reeds op Schiphol zijn.
Montore mabur awahe dhewe budal jam sepuluh esuk. Mulane awahe dhewe jam wolu esuk kudu wis ning Schiphol.
Mantoripun mabur kita bidal pukul sedasa enjing! Milanipun pukul wolu enjing kitha kedah sampun teng Schiphol.
Hoe lang vliegen is het naar Zanderij?
Suwine sepira mabure nyang Zanderij?
Dangunipun sepinten maburipun teng Zanderij?
Ongeveer 9 uur vliegen! Gedurende de reis zullen we ons bezighouden met boek, krant of tijdschriften lezen.
Antarane suwine sangang jam. Sajerone parane awahe dhewe akal nanduki maca buku, koran utawa kalawarti.
Antawisipun dangunipun sangang jam. Salebeting purugipun kitha badhe naduki maos buku, koran utawi kalawarti.
Wij kunnen ook naar muziek luisteren. Bovendien is er ook de mogelijkheid om videofilms te kijken.
Uga bisa ngrugokake gendhing gendhing. Kajaba iku uga bisa ndeleng film video.
Ugi saged mirengaken gendhing gendhing. kejawi punika ugi saged ningali film video.
Hoe gaan jullie naar Paramaribo.
Kepriye sing arep budal nyang kutha Paramaribo?
Kepripun ingkang ajeng bidal teng kita Paramaribo?
Wij worden door de familie op Zanderij afgehaald.
Awahe dhewe bakal dipapag karo sedulur ning Zanderij.
Kitha badhe dipunpapag kaliyan sedherekipun teng Zanderij.
Hoe zullen jullie de vakantie doorbrengen?
Kowe padha nduweni kekarepan apa wayahe liburan?
Sampeyan sami ngandhahi kekajengan punapa wancinipun liburan?
Wij zullen een week in de stad Paramaribo verblijven. Ik denk dat ik af en toe naar de Waterkant zal gaan.
Awahe dhewe bakal nginep seminggu ning kutha Paramaribo. Rumangsaku aku dhong dhongan bakal dolan ning Waterkant
Kita badhe nginep seminggu teng kutha Paramaribo! Rumaos kula kula kadhang kadhangan badhe dolan teng Waterkant.
Onze families in de stad zullen wij ook bezoeken
Uga sedulure awahe dhewe nung kutha bakal ditiliki.
Ugi sedherekipun kita teng kitha badhe dipuntuweni.
Volgende week gaan wij een bezoek brengen aan een familie in Wageningen!
Minggu ngarep iki awahe dhwe arep niliki sedulur ning Wageningen.
Minggu ngajeng punika kita ajeng nuweni sedherek teng Wageningen.
De week daarop zullen wij meestal op Saramacca verblijven. Kortom grotendeels besteden wij de vakantie aan familie bezoek.
Banjur minggu ngarepe iku awahe dhewe bakal nginep ning Saramacca. Cekakane kang akeh wayane liburan awahe dhewe bakal niliki sedulur.
Lajeng minggu ngajengipun punika kita badhe nginep teng Saramacca.
Kortom grotendeels besteden wij de vakantie aan familiebezoek.
Cekakane kang akeh wayahe preian awahe dhewe bakal niliki sedulur.
Cekakane ingkang kathah wacinipun preian kita badhe nuweni sedherek!
Wat is de hoofdreden van jullie vakantie?
Sabab manggedhe dhewe iku apa?
Sabab mangegeng piyambak niku punapa?
Mijn vader wordt 60 jaar! Bovendien gaat mijn broertje deze week in het huwelijk treden.
Bapakku tanggap warsa, sewidak taun! Kajaba iku adikku lanang minggu iki bakal nikah.
Bapak kula tanggap warsa, sewidak taun! Kejawi punika adik kula jaler minggu punika badhe nikah!
Maak jouw eigen website met JouwWeb